Senin, 13 Mei 2013

apalah itu....

jika ini yg Engkau namakan proses, maafkan aku yg selalu mengeluh atas proses yg Engkau berikan padaku...
selama ini aku selalu menikmati proses demi proses dari-Mu .... dan aku memang hanya mengeluh.....
semakin bertambah usiaku, aku tahu bahwa masalahpun kian bertambah....tak seperti dulu saat aku masih kecil, menangis, tertawa, dan tersenyum adalah hal yg sangat biasa.... masa kecil yang sangat polos.....
kenapa hatiku selalu berontak Ya Allah... kenapa selama 4 tahun ini aku hanya merasakan sakit, kecewa, dan luka???...... kenapa aku selalu engkau pertemukan dengan orang-orang yang salah???..... hamba lelah Ya Allah.....

Kamis, 22 Maret 2012

Kamis, 28 April 2011

cermis pertamaku....


Dhemit Sekolahaaaann.................

W

is ana telung dina iki sekolahanku diliburne. Sekolahan SMP kang ana ing cedhake kantor kecamatan iku wiwit seminggu kapungkur diliburne. Iki jalaran ana kang ora beres karo sekolahan iku. Sing baureksa sekolahan iku wiwit nakal. Padha ganggu bocah- bocah sing wayahe sekolah.

Sesasi kapungkur wayah pelajaran matematika, Amira bocah kelas 8-B jerit- jerit, ambegane pating plenthus, mripate mlilik. Kabeh padha bingung. Bu Susan sing ngulang matematika ing kelas iku langsung nyuwun tulung Pak Bon sing kebetulan resik- resik ning cedhak kelas. Maune dikira yen kena penyakit ayan, nanging kok jerit- jerit, plilak-plilik, guya guyu.

“Lho Bu, menika sanes ayan! Tapi kelebon”

“Kelebon pye ta Pak Bon?” Wangsulane Bu Susan karo bingung.

“Niku lho Bu, anu.....kesurupan!”

“Heh, kesurupan pak? Lha niki dospundi Pak??”

“Anu mawon Bu, matur Pak Kepsek mawon, supados dipun padosaken tiyang pinter!”

“Enggeh Pak Bon!”

Bu Susan nimbali Tegar, ketua kelase 8-B.

“Gar, matura Pak Heru menawa Amira kesurupan!”

“Enggih Bu”

Ora suwe Pak Heru, Kepala Sekolah sing wis 5 taun ing sekolahan iku rawuh.

“Wonten napa niki Bu?”

“Menika lho Pak, Amira kesurupan. Kalawau pas kula mucal Matematika, Amira kok jerit- jerit!”

Pak Heru langsung nyekel bocah wadon sing ireng manis iku. Dheweke menthelengi Pak Heru.

“Ndang ngalih! Aja ganggu anakku!” kandhane Pak Heru marang makhluk kang ana ing ragane Amira iku.

Nanging makhluk iku malah katon nesu.

“Gah!! Aku ora bakal ngalih! Aku dhemen karo bocah iki. Aku ora dhuwe omah sakiki. Aku arep melu bocah iki! Omahku kok rusak!!”

“ Ojo ngawur nek ngomong. Panggonmu dudu ning kene!”

“Ora sudi!!!!” semaure karo nggereng- gereng.

Pak Heru isih usaha ngomong apik- apik supaya dhemit mau gelem ngalih saka ragane Amira. Nanging dhemit- dhemit iku malah guyu kapingkel-pingkel, sajak ngece.

Watara setengah jam, Pak Yoga pegawai TU sekolahan mara. Dheweke karo wong pinter. Wong pinter iku dikongkon ngusir makhluk sing ana ing jero ragane Amira. Wong iku langsung nyekel bathuke Amira karo komat- kamit. Amira terus jerit- jerit. Ana wong lima sing njagal Amira. Nanging bocah kuwi kato rosa banged. Amira terus jerit- jerit ora karuan. Kabeh sing ana ing sekolahan iku padha mara, pengen weruh kahanane Amira.

Ora suwe Amira lemes, awake nglempruk kaya wong semaput . Banjur padha digotong menyang UKS.

--######--

Sesuke bocah- bocah padha sekolah kaya biasane. Amira yawis kaya biasane. Kabeh padha nakokake kena apa Amira dhekwingi, apa sing dirasakake Amira, lan liya- liyane. Nanging watara jam 10.15, wayah ngaso ing kelas 9-C ana sing kesurupan kaya Amira wingi. Pak Heru nekakake wong pinter maneh. Saben dina mesthi ana sing kelebon. Siji, loro, telu, kadhang-kadhang malah lima barang. Saya suwe sing kelebon saya tambah. Sekolahan kuwalahan anggone golek wong pinter. Wis ana sepuluh wong pinter sing nambani bocah- bocah sing bendina kesurupan, nanging panggah wae ana sing kesurupan. Dina selasa Pak Heru ngundang Kyai Banjar, bocah- bocah sing biasane kesurupan dirukiyah ing mushola sekolah. Rong dina sawise rukiyah kahanan sekolahan wis kaya biasane. Bocah- bocah wis padha isa sinau maneh tanpa alangan. Nanging pas dina jumat wayah kerja bakti, Sinta bocah kelas 8- D kesurupan. Disusul Menik, Wulan, lan akeh maneh. Pihak sekolahan digawe bingung karo perkara iki. Dhemit- dhemit iku malah saya ndadi, bengak- bengok, nggereng- nggereng.

“Ngalih kowe kabeh! Ngaliho ko omahku!!”

Swarane dhemit sing ngleboni bocah-bocah iku meh kabeh muni kaya ngono.

Bocah- bocah padha wedi, akeh sing ora sekolah. Mula, pihak sekolahan menehi keputusan supaya sekolahan diliburne sawetara wektu. Saka katrangane wong pinter lan para kyai sing wis padha nambani bocah- bocah ning sekolahan, jebul bocah- bocah sing kesurupan iku amarga diganggu dhemit sing nesu jalaran omahe dhemit iku dibangun pos satpam. Pondasine pos satpam iku ngenani panggonane dhemit mau. Dhemit mau ora dhemen yen omahe digawe pos satpam. Saka katrangan mau Pak Heru lan para guru rembugan kepriye carane supaya dhemit mau ora ganggu maneh.

Dina senin bocah- bocahsing mlebu sekolah mung sethithik. Bocah- bocah padha wedi. Pak Heru minangka kepala sekolah nglumpukake bocah- sing mlebu ning aula sekolah lan menehi pengumuman.

“ Bocah- bocah, dina rebo sekolahan arep nganakake istighotsah. Dak tulung kowe kabeh padha mlebu. Kanca- kancane sing durung mlebu sakiki diomongi, amarga kagiyatan iki kanggo kabecikane awake dhewe. Supaya awake dhewe isa slamet kabeh”.

“Nggih pak.......” semaure bocah- bocah.

Dina selasa pos satpam sing lagi dibangun watara rong sasian iku dibongkar. Lan diganti ning panggonan liyane. Wong pinter uga ditekakake kanggo numbali sekolahan. Sawise pos satpam iku dibongkar lan diganti, ora ana bocah sing kesurupan maneh. Mbuh iki apa kebetulan apa pancen dhemit- dhemit kuwi pancen wes marem merga omahe ora dganggu maneh. Walahu’alam bishawab, kuwi kabeh mesthi wis ana sing ngatur, yaiku Gusti Sing Akarya Jagad.

Sabtu, 26 Maret 2011

cerkak pertamaku.... berisi kisahku....


TRESNAKU KESANDHUNG NEPTU....

S

aumpama aku urip ora kaiket adat Jawa sing jlimet, mesti bae aku ora kaya ngene. Nyapo kudu ana itungan jawa, embuh kuwi weton lair, pindah omah, nikah, neptu, lan liya- liyane. Jaman saeki iku wis jaman modern. Kabeh sarwa nganggo mesin, nanging nyapo sing nrima kanyatan menawa tali katresnanku karo Mas Awan sing wis rong taun suwene pedhot goro- goro neptu. Mas Awan kuwi mahasiswa semester akhir. Nanging beda jurusan karo aku. Wis rong taunan iki aku karo dheweke andum katresnan. Nanging ora dinyana- nyana neptu sing embuh asal usule saka ngendi, ujug- ujug dadi barang sing luwih medheni saka dhemit, luwih kejem tinimbang “ibu tiri”. Atiku nggrundel ora karu- karuan. Terus- terusan nyalahne si neptu kuwi!

“Lin, iki titipanmu. Maeng jus jambune ora ana, dadi tak tukokne jus strawberry”. Swarane Yani mbuyarake kabeh apa sing tak lamunne.

“iya, ra papa Yan, dhuwite kurang opo ora?”, pitakonku marang Yani.

“ora kok, pas telung ewu”, wangsulane Yani.

Yani kuwi kancaku sing paling cedek karo aku, wis meh telung taun aku koncoan karo Yani. Aku karo Yani kuwi padha- padha bocah kuliahan ing Surabaya, ning UNESA. Jurusane padha- padha Bahasa Jawa, lan sak kostan pisan. Mula aku caket banget karo Yani. luwih- luwih telung sasian iki, Yani sing nglipur aku. Ngrungokne apa sing tak critakake, apa sing tak rasakne nalika aku pedhot tali katresnan karo Mas Awan.

“ Arek- arek maeng nyandi lho Lin, kok awakmu ning kene dhewe?”

“ Kae ta, ning lab. Aku pilih ning kene, ngenteni awakmu”. Wangsulaku.

“ Healah Lin.....Liiinnn geje(gak jelas/ ora jelas) awakmu ki... minggu iki sidane mudik po ra?”

“Embuh, bingung aku. Pengen muleh, tapi nek muleh aku mengko mesthi di takoni sembarang kalir ning wong tuwaku. Aku isih durung bisa nglalekake Mas Awan Yan...... !!”

“Iya Lin, westa sing sabar ae. Nek Mas Awan iku pancen jodhomu mesthi balik. Sing sabar ya Lin..” lelipure Yani marang awakku.

“ Iya... wes ayo nyang nyusul arek- arek ning lab karawitan ae!!”...

“Yawis ayo....”

Wengi iki lintange ora pati ana. Embuh nyandi parane. Padahal langite resik. Aku cangkrukan ning ngarep kost dhewean. Kanca- kancaku sak kostan akeh sing padha mulih. Aku kelingan telung sasi kepungkur, ning kosan kene aku luhku ora bisa diendeg. Atiku ora kuat nalika Mas Awan ngomong yen aku karo dheweke ora bisa nerusake tali tresna iki jalaran neptune ora cocok.

“ Aku emoh pisah karo sampean Mas.... aku ora bisa!!!” aku nangis karo nyawang Mas Awan sing katon sedih.

“ Aku ngerti Dhik, aku ngertii... tapi aku bisa apa Dhik, bapak ibukku matur yen neptune awake dhewe ora cocok. Neptu 24 Dhik. Ning gonku iku ora oleh patluhDhik.... “

“Oleh Mas..... ning gonku iku sing gak oleh neptu 25. Nek neptu 24 iku malah apik Mas..... pokoke aku emoh pisah karo sampean Mas!!! Emoh aku!!!!”...

“Dhik, sampean aja malah gawe aku tambah bingung. Sampeyan karo wong tuwaku iku podho- podho wong sing tak tresnani ning donya iki Dhik. Aku ya emoh dhik pisah karo sampeyan, tapi apa aku arep dadi anak sing durhaka marang wong tuwaku dhewe? Bapak ibukku sing wiwit cilik ngopeni aku, nresnani aku sampek aku gedheDhik. Sampek sakiki.”

Huuuuufffthhhhh........ aku ambekan dhawa. Nebah dhadha. Atiku saya tambah ngronto nek kelingan.

Saka kamarku HP-ku muni. Tak jupuk Hp ning dhuwur meja. Ana sms saka Mas Awan...

Dek, wis maem po durung?... nek durung ndang maem. Dijaga kesehatane. Aja sampek telat maem. Eling karo maagh’e pean.....

Tak waca sms-e mas Awan... luhku netes, dleweran. Ya Allah...... kula boten kiyat menawi kados makaten terus Ya Allah..... aku ambruk ning kasur. Wengi iku aku ora isa ngempet rasa ning atiku. Tangisku pecah......

---##---

“Lintaaaaaaannnnng!!!!..... Liiiinnn!!!!...... telpon ko Mas Bagas!!” Yani bengak- bengok saka kamar nyeluk aku sing lagi umbah- umbah ning jedhing.

“Iya Yan, angkaten dhisik. Omongo aku jik umbah- umbah. Kurang diluk iki Yan, nanggung!!!!”semaurku saka jedhing.

Ora suwe Yani malah nututi aku menyang jedhing....

“ Lin, anu.... Jarene Mas Bagas, Mas Awan saeki ning Rumah Sakit. Iki lagek teka Rumah Sakit”.

“Lhooh, iya ta yan? Sumpah Yan? Ra ngapusi ta awakmu???....” semaurku kaget.

“Ora Yan. Nek ora percaya jajal telpono Mas Bagas!!,,

“Ya, tak telpone...”

Atiku kaya didhodhog, akeh pitakonan ning jerone ati. Kena apa Mas Awan kok sampek digawa ning Rumah Sakit??? Padahal dheweke ora tau lara, paling- paling pilek watuk....

“Halo Assalammualaikum??.... Mas Bagas??...”

“Walaikumsalam Dhik...”

“ Mas Awan ning Rumah Sakit tenan ta Mas???”

“Iya Dhik, iki isih ning UGD (Unit Gawat Darurat), lagi dipriksa dhokter”.

“Lho, lara apa ta Mas??... kena apa kok iso sampek kaya ngono??...”

“ Embuh Dhik, maeng jam 06.00 an Awan ngomong nek dhadhane sesek Dhik, trus kok malah nemen. Ya tak gawa nyang Rumah Sakit wae!!”...

“Ya Allah,... yawis aku tak rono Mas, ning Rumah Sakit Wiyung khan??”

“Iya Dhik....”

“Yawis Mas,.. Assalamualaikum.....”

“Iya Dhik, Walaikumsalam”..

Ya Allah, Mas Awan lara sesek? Wiwit kapan Mas Awan duwe lara sesek? Awakku rasane ora dhuwe balung, lemes....

“Lin, pye??? Mas Awan kena apa ta??”

“ Mas Awan sesek Lin, ki jarene Mas Bagas isih ning UGD. Di oksigen”.

“Yawis, ndang di pepe klambimu! Ayo gek ndang nyang Rumah Sakit”

“Iya Yan”. Semaurku lemes.

Teka Rumah Sakit aku langsung ning UGD. Mas Bagas karo kanca- kancane kostan isih padha nunggoni Mas Awan.

“Mas Gas, piye Mas Awan?”

“Iki dhokter isih ning jero Dhik! Isih masang infus”

“ Ya Allah Mas.... kok iso lho?? Sak ngertiku Mas Awan gak duwe lara sesek”.

“Iya Dhik, aku ya bingung. Meh 4 taun aku sak kostan karo Awan, aku lagi ngerti iki Awan duwe lara sesek”.

Aku karo Mas Bagas meneng. Yani nyekel pundhakku, saka mripate ngongkon aku kudu sabar. Aku mung bisa manthuk.

Ora suwe dhokter karo perawate metu saka ruang UGD.

“Keluargane pasien sinten??...”

“Boten wonten Dhok, menika sedaya kanca kostan. Keluargane dereng rawuh”.

“Ooh nggih, menika resep kangge pasien. Mangke menawi sampun radi tenang, dipun pindah dhateng ruang perawatan mawon”.

“Nggih Dhok... matur suwun”.

Aku langsung mlebu menyang ruang UGD karo Yani. Mas Bagas karo kancane siji nebus resep lan ngurus administrasine pindah menyang ruang perawatan.

Mas Awan kaget nyawang aku ning kono. Ngerti kahanane Mas Awan sing kaya ngono aku ora isa ngempet tangisku.

“ Aku ora apa- apa Dhik, wis aja nangis!!”

Aku mung manthuk...

“Bapak ibuke sampeyan apa wis di kabari Mas?” Takonku.

“Durung Dhik, ora usah. Mesakne Bapak Ibuk. Aku ora apa- apa kok Dhik!!”.

“Ya ora oleh ngono Mas, wong sampeyan sampek ning Rumah Sakit. Berarti sampeyan apa- apa!”.

Mas Awan meneng... tandhane dheweke ngalah. Aku arep nelpon wong tuane Mas Awan ya wedhi. Lha wong tuwane wis ora setuju karo hubunganku kok aku wani- wanine telpon.

“Wis ndang telponen Lin, mesakne bapak ibuke Mas Awan nek ora di kabari”.

Heemmmmmmth.... Aku ambekan dhawa.

“Iya”. Semaurku abot marang Yani...

Tak jupuk Hp ning tasku. Bissmillah......

“ Halo asalamualaikum??”....

“Walaikumsalam.... buk, menika Lintang”.

“Lintang?? Ana apa”...

“Menika Mas Awan wonten Rumah Sakit buk”.

“Lhoh, Awan kena apa???....”.

“ Sesek Buk, menika taksih wonten UGD. Nanging sampun sae”

“Oalah... yawis tak omongane bapake Awan. Titip Awane dhisik ya Lin!”.

“Nggih Buk... nggih sampun menawi ngoten buk”.

“Assalamualaikum”

“Iya- iya, walaikumsalam”...

Wis ana 3 jam Mas Awan ning ruang perawatan. Mari maem lan mimik obat maeng dheweke langsung turu. Tak pandengi praupane Mas Awan. Tak elus- elus tangane tengen sing ana infuse. Ngerti kahanane Mas Awan sing kaya ngene, ora tega yen aku bali nyang kostan.

“Dhik, aku tak balik nyang kostan dhisik mbek arek- arek ya, aku arep methuki dosen iki. Arep konsultasi”.

“Iya Mas Gas, suwun ya... sampeyan engko rene meneh khan?”.

“Insya’Allah dhik.... yawes aku tak balik dhisik ya!!”..

“Iya Mas, ngati-ati...”.

Sawise Mas Bagas bali, aku karo Yani nunggoni Mas Awan. Watara jam 14.30 bapak ibuke Mas Awan wis rawuh. Aku krasa ora kepenak. Pengen bali ning kost wae, tinimbang ning kene “tidak diharapkan”. Batinku.

“Pak, Buk... kula wangsul rumiyin nggih...”

“Lho, wis arep bali? Rakya ora ana kuliah ta?”

“Boten, ngotena badhe kelompokan. Sampun dipun tengga kanca- kanca”. Kandhaku ngapusi.

“Oh, yawes. Matursuwun ya Nak”.

“Enggeh Buk, sami- sami”.

Sawise pamitan bapak ibuke Mas Awan, aku nyedaki Mas Awan, pamitan karo dheweke.

“Mas, aku balik dhisik ya? Ndang mari “.

“Suwun ya Dhik, mengko rakya rene meneh?”.

“Emm... Insya’Allah Mas, aku ora janji. Wis ana bapak ibuke sampeyan ngono. Yawes aku tak balik dhisik “.

“Mas, aku balik”. Yani uga melu pamitan.

“Iya, ngati- ngati ning dalan”.

Muleh saka Rumah Sakit rasane ngantuk banget. Arep turu kok ya wes jam 15. 10. Yani malah wis ngorok. Yaweslah aku melu turu pisan.

Mari magrib, aku karo Yani tuku maem. Wis dadi kabiasaane bocah kost, bar magrib padha tuku maem.

“Lin, awakmu ora nyang Rumah Sakit meneh ta? Ora nyambangi mas Awan?”

“Menurutmu piye Yan? Awakmu rakyo ngerti dhewe, bapak ibuke Mas Awan ora seneng karo aku. Ora setuju!”.

“Iya sih... tapi tak dilok maeng bapak ibuke apik ning awakmu Lin”.

“Iya ning jaba Yan, dalam hati siapa tahu?? Hayooo”. Jawabku.

“ Iya Lin... yaweslah dongakno wae Mas Awan ndang mari”.

“He’em Yan”....

Jam 22.00 aku durung iso turu. Yani isih asyik telpon karo pacare. Aku dadi bingung arepe ngapa. Pengen banged ngeneki nunggoi Mas Awan ning Rumah Sakit. Tapi.....

Durung mari olehku nglamun, HP ku muni. Ana sms saka Mas Awan.

dhik kok g rene?? Bpk ibkQ pengen ketemu pean....

Aku bingung jawab sms-e Mas Awan...

Sepurane Mas, aku ora bisa rana. Aku ora penak karo bpak ibke pean..

Ora suwe smsku dibalesi Mas Awan..

Dhik, bpk ibuk pengen matur. Ssuk usahakna rene ya?? Pliiiiiiiisssss.......

Insya’Allah Mas. Wes ndang istrhat. Ndang babug wis bengi...

Enek apa kok wong tuwane Mas Awan engen ketemu aku. Apa arep nyeneni aku? apa aku maeng salah?... wengi kuwi pikiranku dibeki pertanyaan “kena apa??”

Isuk jam 08.00 aku menyang Rumah Sakit. Yani ora isa ngancani aku menyang Rumah Sakit. Arep dolan menyang Suramadu karo pacare kandhane mau. Yawislah, aku budhal dhewe. Teka dalan atiku ora penak. Pengen balik ning kost, tapi pengen ketemu mas Awan. Tapi wedhi karo bapak ibuke. Haduuuhh....

Teka Rumah Sakit aku langsung jujuk kamare Mas Awan. Mas Awan lagi wae dipriksa dhokter. Ibuke lenggah ning cedake Mas Awan. Bapake malah ora ana.

“Assalmualaikum....”.

“Walaikumsalam.... Eh, nak Lintang. Kene- kene “.

“Enggeh Buk..”

Tak glethakne roti lan buah sing tak gawa ning dhuwur meja. Ora suwe bapake rawuh.

“Nak, bapak karo ibuk pengen matur karo awakmu”. Bapake Mas Awan matur karo nyawang aku.

Dheg. Atiku kaya didhodhog. Wedhi. Rasane awakku langsung adem panas.

“Matur menapa pak?”

“Bapak karo ibuk nyuwun sepura ning awakmu. Bapak karo ibuk wis misahake awakmu karo Awan. sakiki aku ora ngalang- alangi awakmu karo Awan. tapi kudhu eling, isih padha kuliah. Sing ngati- ati. Aku sadar Nduk, menawa jodho, pati, rejekine manungsa iku wis diatur Gusti Sing Akarya Jagad. Tak akoni aku panen kolot. Ning aku ngerti dhewe, tresnamu nyang Awan. Larane Awan iki dudu sembarang lara Nduk. Larane iki amarga pikiran. Wis, aku ora arep menging Awan nyambung tali katresnan karo awakmu. Mengko menawa doh blaine ana apa- apa, kuwi wis kersane Gusti”.

Pyaaaarr!!!!... rasane kaya ngimpi di siang bolong!!! Aku bingung arep ngomong apa. Luhku dleweran ning pipi. Aku nyawang Mas Awan. Eseme sing wis suwe ora weruh. Sing gawe atiku tratapan.....

“Enggeh Pak, Buk.... matursuwun...”

Aku wus oa isa ngomong.

Duh Gusti, puja lan puji kula aturaken panjenengan. Alhamdullilaaah....... Kabeh sing ana ning donya iki pancen wis diatur Gusti. Muga- muga ora ana sing nyandhungi hubunganku karo Mas Awan meneh.....

Senin, 27 April 2009

TES PRAKTEK TIK MATERI BLOG


Ku terbiasa tersenyum tenang
Walau aaaa.. hatiku menangis
Kaulah cerita tertulis dengan pasti
Selamanya dalam pikiranku

Lupakan semua tinggalkan ini
Ku ‘kan tenang dan kau ‘kan pergi

Berjalanlah walau habis terang
Ambil cahaya cinta kuterangi jalanmu

Di antara beribu lainnya
Kau tetap
Kau tetap
Kau tetap benderang

Rabu, 01 April 2009

Sheila On Seven Adjah.......



Yang Terlewatkan...............

Kemana kau s’lama ini
Hingga kalian kunanti
Kenapa baru sekarang
Kita dipertemukan,

Sesal tak ‘kan ada arti
Karna semua t’lah terjadi
Ini set’lah menjalani
Sisa hidup dengannya


Reff:
Mungkin salahku… Melewatkanmu…
Tak mencarimu… Sepenuh hati…
Maafkan aku…

Kesalahanku… Melewatkanmu…
Hingga kau kini… Dengan yang lain…
Maafkan aku…

Jika berulang kembali
Kau tak akan terlewati
Segenap hati kucari
Dimana kau berada

Walau ku terlambat
Kau tetap yang terhebat
Melihatmu… Mendengarmu…
Kaulah yang terhebat