Kamis, 28 April 2011

cermis pertamaku....


Dhemit Sekolahaaaann.................

W

is ana telung dina iki sekolahanku diliburne. Sekolahan SMP kang ana ing cedhake kantor kecamatan iku wiwit seminggu kapungkur diliburne. Iki jalaran ana kang ora beres karo sekolahan iku. Sing baureksa sekolahan iku wiwit nakal. Padha ganggu bocah- bocah sing wayahe sekolah.

Sesasi kapungkur wayah pelajaran matematika, Amira bocah kelas 8-B jerit- jerit, ambegane pating plenthus, mripate mlilik. Kabeh padha bingung. Bu Susan sing ngulang matematika ing kelas iku langsung nyuwun tulung Pak Bon sing kebetulan resik- resik ning cedhak kelas. Maune dikira yen kena penyakit ayan, nanging kok jerit- jerit, plilak-plilik, guya guyu.

“Lho Bu, menika sanes ayan! Tapi kelebon”

“Kelebon pye ta Pak Bon?” Wangsulane Bu Susan karo bingung.

“Niku lho Bu, anu.....kesurupan!”

“Heh, kesurupan pak? Lha niki dospundi Pak??”

“Anu mawon Bu, matur Pak Kepsek mawon, supados dipun padosaken tiyang pinter!”

“Enggeh Pak Bon!”

Bu Susan nimbali Tegar, ketua kelase 8-B.

“Gar, matura Pak Heru menawa Amira kesurupan!”

“Enggih Bu”

Ora suwe Pak Heru, Kepala Sekolah sing wis 5 taun ing sekolahan iku rawuh.

“Wonten napa niki Bu?”

“Menika lho Pak, Amira kesurupan. Kalawau pas kula mucal Matematika, Amira kok jerit- jerit!”

Pak Heru langsung nyekel bocah wadon sing ireng manis iku. Dheweke menthelengi Pak Heru.

“Ndang ngalih! Aja ganggu anakku!” kandhane Pak Heru marang makhluk kang ana ing ragane Amira iku.

Nanging makhluk iku malah katon nesu.

“Gah!! Aku ora bakal ngalih! Aku dhemen karo bocah iki. Aku ora dhuwe omah sakiki. Aku arep melu bocah iki! Omahku kok rusak!!”

“ Ojo ngawur nek ngomong. Panggonmu dudu ning kene!”

“Ora sudi!!!!” semaure karo nggereng- gereng.

Pak Heru isih usaha ngomong apik- apik supaya dhemit mau gelem ngalih saka ragane Amira. Nanging dhemit- dhemit iku malah guyu kapingkel-pingkel, sajak ngece.

Watara setengah jam, Pak Yoga pegawai TU sekolahan mara. Dheweke karo wong pinter. Wong pinter iku dikongkon ngusir makhluk sing ana ing jero ragane Amira. Wong iku langsung nyekel bathuke Amira karo komat- kamit. Amira terus jerit- jerit. Ana wong lima sing njagal Amira. Nanging bocah kuwi kato rosa banged. Amira terus jerit- jerit ora karuan. Kabeh sing ana ing sekolahan iku padha mara, pengen weruh kahanane Amira.

Ora suwe Amira lemes, awake nglempruk kaya wong semaput . Banjur padha digotong menyang UKS.

--######--

Sesuke bocah- bocah padha sekolah kaya biasane. Amira yawis kaya biasane. Kabeh padha nakokake kena apa Amira dhekwingi, apa sing dirasakake Amira, lan liya- liyane. Nanging watara jam 10.15, wayah ngaso ing kelas 9-C ana sing kesurupan kaya Amira wingi. Pak Heru nekakake wong pinter maneh. Saben dina mesthi ana sing kelebon. Siji, loro, telu, kadhang-kadhang malah lima barang. Saya suwe sing kelebon saya tambah. Sekolahan kuwalahan anggone golek wong pinter. Wis ana sepuluh wong pinter sing nambani bocah- bocah sing bendina kesurupan, nanging panggah wae ana sing kesurupan. Dina selasa Pak Heru ngundang Kyai Banjar, bocah- bocah sing biasane kesurupan dirukiyah ing mushola sekolah. Rong dina sawise rukiyah kahanan sekolahan wis kaya biasane. Bocah- bocah wis padha isa sinau maneh tanpa alangan. Nanging pas dina jumat wayah kerja bakti, Sinta bocah kelas 8- D kesurupan. Disusul Menik, Wulan, lan akeh maneh. Pihak sekolahan digawe bingung karo perkara iki. Dhemit- dhemit iku malah saya ndadi, bengak- bengok, nggereng- nggereng.

“Ngalih kowe kabeh! Ngaliho ko omahku!!”

Swarane dhemit sing ngleboni bocah-bocah iku meh kabeh muni kaya ngono.

Bocah- bocah padha wedi, akeh sing ora sekolah. Mula, pihak sekolahan menehi keputusan supaya sekolahan diliburne sawetara wektu. Saka katrangane wong pinter lan para kyai sing wis padha nambani bocah- bocah ning sekolahan, jebul bocah- bocah sing kesurupan iku amarga diganggu dhemit sing nesu jalaran omahe dhemit iku dibangun pos satpam. Pondasine pos satpam iku ngenani panggonane dhemit mau. Dhemit mau ora dhemen yen omahe digawe pos satpam. Saka katrangan mau Pak Heru lan para guru rembugan kepriye carane supaya dhemit mau ora ganggu maneh.

Dina senin bocah- bocahsing mlebu sekolah mung sethithik. Bocah- bocah padha wedi. Pak Heru minangka kepala sekolah nglumpukake bocah- sing mlebu ning aula sekolah lan menehi pengumuman.

“ Bocah- bocah, dina rebo sekolahan arep nganakake istighotsah. Dak tulung kowe kabeh padha mlebu. Kanca- kancane sing durung mlebu sakiki diomongi, amarga kagiyatan iki kanggo kabecikane awake dhewe. Supaya awake dhewe isa slamet kabeh”.

“Nggih pak.......” semaure bocah- bocah.

Dina selasa pos satpam sing lagi dibangun watara rong sasian iku dibongkar. Lan diganti ning panggonan liyane. Wong pinter uga ditekakake kanggo numbali sekolahan. Sawise pos satpam iku dibongkar lan diganti, ora ana bocah sing kesurupan maneh. Mbuh iki apa kebetulan apa pancen dhemit- dhemit kuwi pancen wes marem merga omahe ora dganggu maneh. Walahu’alam bishawab, kuwi kabeh mesthi wis ana sing ngatur, yaiku Gusti Sing Akarya Jagad.